Senin, 18 Maret 2013

On 03.24 by Reza Nur Amrin in    No comments


Kutha Tegal

Kutha Tegal

Tegal iku asal-mulane dudu saka Basa Portugis : tetegual, tetegull, tetegal. Sebabe, ora ana arti sing kanggo Basa Portugis sebagaimane sing diomongake klaim keliru  Tome Pires. Tegal neng akeh versi ngacune tegalan (ladang) utawa tetegil sing artine desa sing padha melane iku begian saka Kab. Pemalang sing setia karo Pajang. Jeneng Tegal ana siji ing donya ing Indonesia, coordinate 108°57'6 BT anjuk 109°21'30 BT lan 6°50'41 LS anjuk 7°15'30 LS.


Kutha Tegal ana ing 165 km kulone Kutha Semarang utawa wetane Jakarta. Tegal nduwe lokasi sing strategis. Sebabe, ana ing jalur Pantai Utara (Pantura) Jawa Tengah serta ana persimpangan jalur utama sing ngubungakake Pantura karo kutha-kutha ing kidul Pulau Jawa.

Pertumbuhan Kutha Tegal uga berkembang maring kidule ing Kab. Tegal yaiku ing Kecamatan Dukuhturi, Talang, Adiwerna, lan Slawi.

Stasiun Kreta Api Tegal ngubungake kutha iki karo kutha-kutha liyane ing Pulau Jawa. Kreta Api sing singgah ing stasiun iki iku Senja Utama lan Fajar Utama (Jakarta - Semarang), Sembrani (Jakarta - Surabaya), Matarmaja (Jakarta – Malang), Bangunkarta (Jakarta – Jombang), Harina (Bandung – Semarang), lan Kaligung (Tegal – Semarang). Era 1960an Kutha Tegal  perna nduweni landasa udara Martoloyo sing diresmikake Presiden Soekarno.

Tegal ana ing tengahe antara Jakarta lan Surabaya. Posisi strategis sing didukung karo infrastruktur sing memadai njadikake Kutha Tegal dadi Kota Transit. Hal iku dampake padha uripe usaha ing bidang jasa pariwisata utamane perhotelan.

0 komentar:

Posting Komentar